CLICK HERE FOR FREE BLOG LAYOUTS, LINK BUTTONS AND MORE! »

Pages

Kamis, 24 Mei 2012

PERMAINAN TRADISIONAL


1.
     Sepak sekong
Carané dolanan :                                                         
1.         Bocah sing mélu dolanan nyiapke sepet  minangka gacu.
2.         Sabanjuré sepet diwenehke ana ing sawijining panggonan kang wis ditentokaké.
3.         Giliran sing dadi diundhi nganggo pingsut utawa hompimpah.
4.         Salah sijine sek menang pingsut ana sek nyepak sepete
.
5.         Kanca-kancane sing liane padha dhelik.
6.         Bocah kang dadi, tugasé goleki kancane kang dhelik, ananging uga jaga aja nganti sepete kesepak kancane kang ndhelik.
7.         Saben bocah dhelik kang katon disebut jenengé banjur midak sepete karo muni ‘sepak’
8.         Bocah kang dhelik kudu ketemu kabèh. Yèn durung ketemu kabèh ana bocah dhelik isa nyepak  sepete mula bocah kang wis ketemu isa melu dhelik manèh.
               

         


. Sampek
Carané dolanan :
1.      Bocah sek melu dolanan nyiapke karet, saben bocah nyiapke siji.
2.      Sek dadi diundhi nganggo pingsut utawa hompimpah.
3.      Sing menang mapan ana ing sawijining panggonan kang wis ditentokake.
4.      Banjur karet dilumpukake dadi siji, diwenehke bocah ingkang main sikek dewe.
5.      Sakbanjure nguncalke karet tumuju ing pingulan tembok.
6.      Umpama ana karet sing temangsang, karet mau di pek karo bocah sing main.
7.      Banjur genti bocah liane sing main.
8.      Sing paling akeh nglumpuake karet, kuwi sek menang.

                        

0 komentar:

Posting Komentar

Galery